PREI
SEKOLAH
Wusanane
preian sekolah wes teka, Erdy seneng banget. Sawise Ujian Akhir Semester
dipungkasi kanti semangat. Preian sekolah kaping iki Erdy ngrencanakake dolan
menyang omahe paklik e ing desa. Dheweke mesti ngrasakake bungah nalika ing kana,
amarga wis lumayan waleh yen amung dolanan ing kutha sing akeh polusine yaiku
kutha Surabaya. Erdy butuh swasana kang adem, ayem, tentrem lan ing kono
dheweke bakalan ngentukake ketentreman atine. Saben wektu nalika ing desa kono
Erdy mesti ngrasakake bungah, saben dina dheweke mesti dolanan karo dulure
wadon sak umurane sing jenenge Rahma. Ing kana dheweke nglakoni dina-dinane
kanti semangat, porsi mangane beda banget ora kaya biasane tinimbang dheweke
nalika ing omahe kutha. Dina-dinane kebak dening eseman kuwi uga amarga dheweke
dikancani dulur wadone sing jenenge Rahma.
Diwiwiti
saka jam lima isuk, dheweke tansah wis siap kanggo kagiatan, wiwit resik-resik
lan kegiatan liyane. Ora gumun yen mangkono amarga Erdy wiwit cilik pancen wis
diwarahi njaga karesikan dening wong tuwane. Sawise resik-resik omahe paklik e,
dheweke langsung menyang jedhing kanggo ngresiki awake. Wektu isuk kuwi Erdy
ngajak Rahma kanggo sepedhahan ngubengi komplek omah. Sabanjure sepedhahan
lumayan adoh saka omahe paklik e, ora sengaja Erdy lan Rahma petukan karo
kanca-kanca sekolahe Rahma sing uga sepedhahan, wusanane bocah-bocah kuwi mau
sepedhahan bebarengan. Amarga Erdy durung apal tenan dalanane komplek lan uga
dheweke wektu kuwi disambi omong-omongan, padha gemuyu kekel-kekel sing nggawe
dheweke kurang konsentrasi nyetir lan wusanane Erdy tiba menyang panggonan
kanggo ngguwak sampah. Rahma sakancane padha guyu kekel weruh Erdy tiba,
nanging dheweke isih bisa ngatonake eseme sanadyan kudu nanggung isin.
Sawise
sepedhahan Erdy lan Rahma mulih kanggo sarapan bareng. Nalika teka omah, “nyapo
le kok catu kabeh?” pitakone paklik e, “anu paklik anu...” wangsulane Erdy karo
gagap amarga wedi. “Nyapo kok anu anu i, bubar tiba ya? Mau wis tak kandhani
rak sing ati-ati panggah wae wiwit biyen mesti bedhigasan, wis ndang diresiki
kono banjur diobati.” paklik e nyeneni Erdy nalika dheweke ndhepipis wedhi.
“Nggih paklik sepuntene, kula mboten neka-neka malih.” Kandhane Erdy njaluk
ngapura. Sawise catu-catune diobati bocah loro kuwi mau langsung menyang pawon
kanggo sarapan. Lima las menit wis rampung, Rahma ngajak Erdy menyang Kawasan
Wisata Sumber Oebalan salah sijine wisata pemandian ing Kabupaten Kediri.
Dheweke budhal kanti seneng banget tanpa peduli karo catu-catune kuwi mau.
Satekane ing wisata Erdy lan Rahma petukan Nina yaiku kanca apikane Rahma wiwit
cilik, bocahe pancen apik, seneng nulung, ora sombong lan uga pinter. Ibuke
Nina dodolan ing wilayah wisata kasebut dadi ora gumun yen Rahma asring petukan
Nina ing kono. Sawise omong-omongan karo Nina, Erdy ngajak Rahma dulinan banyu
alias renang. Durung mari olehe catu nanging Erdy panggah meksa Rahma kanggo
njegur. Saking bungahe ing kono ora krasa wis telung jam bocah loro kuwi
anggone renang, wusanane cah loro kuwi cepet-cepet mentas sadurunge masuk angin
mengkone. Sabanjure kuwi Erdy lan Rahma menyang blumbang iwak kanggo mancing,
bocah loro kuwi mancing suwine rong jam luwih. Dirasa wis oleh iwak sing cukup
kanggo lawuh ing omah, Erdy lan Rahma
mulih. Saliyane kuwi panase srengenge yawis krasa ing dhuwur sirah.
Satekane
ing omah, iwak kasil mancing kuwi mau dipasrahake dening bulik e banjur
digoreng, iwak sing digoreng kuwi mau gawe lawuh mangan awan sakulawarga.
Sawise mangan awan, Erdy lan Rahma wusanane padha mapan turu ing kasure
dhewe-dhewe. Bocah loro kuwi turu nglipus amarga kewareken lan sajake kekeselen
anggone dolanan sedina.
Lan
dina-dinane Erdy liyane kebak dening kegiatan sing nyenengake. Ora krasa wis
rong minggu dheweke ing desa, lan saiki wis wayahe balik menyang kuthane
Surabaya kanggo nerusake aktivitas kaya biasane lan kewajibane sekolah.
Pungkase preian Erdy sekolah kayata biasane lan uga Rahma. Sawise ngentukake
pengalaman akeh ing desa dheweke langsung gawe karangan ing buku diaryne sing
judule “Prei Sekolah”.