Rabu, 09 November 2016

Golek Imu
         
Kaya apa rasane sekolah ing SMAN 1 Pare sing jarene sekolah rujukan iku? Katone penak lan nyenengake amarga ing kono kalebu salah sjine sekolah favourite ing Pulo Jawa, bakal akeh sing duwe pepenginan nyalonake dadi murid ing SMAN 1 Pare.
            Diwiwiti budhal peteng amarga ana acara apa iku jenenge? Apa ta??? Ooo iya bimbel yaiku bimbang masalah keluarga.. Eeh.. maksudku bimbingan belajar. Tangi jam setengah lima rumangsaku kawanen, minim jam papat kudu wis tangi, yen wayah semana durung uga tangi berarti olehe garap tugasmu iku kesregepen, malih akibate turu kebablasen sampek tengah wengi, terus akibate malih telat bimbel. La kuwi perkarane, berarti bisa didudut yen ana bocah telat bimbel kuwi kasunyatane bocahe sregep garap tugas. Yo pora???hahaha...
            Budhal jam lima isuk kuwi yen ora kawanen tangi, yen kawanen teka biasane budhale jam setengah enem isuk bisa uga luwih. Sawijining wektu ing sekolah “La yok apa, Cak. Wetengku iki luwe, ket wingi durung mangan. Arep ngombe kopi sak gelas wae durung keturutan.” Yanto ngomong marang Murti, kanca ing kelase “Oalah ngesakne... dadi bocah kos kaya ngono ta rasane???hahaha...susah ya.” Yanto nyaut wangsulane Murti “Yok apa aku dhewe ket wingi durung mangan, lagi bokek ora nduwe dhuwit.” Murti mangsuli maneh “Haha... panggah penak urip ning omah, lek isuk ana sing masakne, dene ora ana ya bisa gawa sega adang koretan wingi sore apa ta panganan apa ngono, yowis ya tak mangan dhisik iki mau aku digawakne mamakku bento jangan blendrang sambel tumpang lawuh gerih goreng gosong spesial.” Yanto nyelani “ngono kuwi weruh kancane keluwen mbok ya ditawani po’o, masio lawuhmu ora genah kaya ngono sing penting bisa gawe mangan sambel tumpang sing wis kelet lan coklat ing wajan. Peh temenan susah banget rasane dadi bocah kos kuwi, mangan wae angel.” Murti nambahi “wis ora usah sambat. Masio kere nanging tetep bisa gegojekan. Masio luwe ayo bareng-bareng padha guyu! Haha..”. sabanjure mangan “Mrs. Rose kok durung rawuh-rawuh ya?, Eh... la dalah mengko PHP maneh, kadung budhal isuk jebule zonk!” kandhane Murti. Yanto mangsuli “yowis ayo literasi wae.” Ganti Murti “Ya, let’s go chinnn.” Sabanjure bocah loro kuwi literasi uga bocah-bocah liyane, sakkabehe ngenteni bel jam pelajaran kaping pisan sinambi leyeh-leyeh. Sawise bel jam pelajaran kaping pisan muni, salah siji guru mlebu ing kelas. “assalamualaikum wr.wb, buka buku PR halaman 120, silahkan lanjutkan latihan 2 nanti kalau sudah selesai segera dikumpulkan di meja saya.” Murti ngajak omong Yanto “apa iki sing jenenge Kurikulum 2013, guru maringi poin-poin e tok banjur sateruse kita dhewe sing njlentrehake, lek mangkono carane rak ya kesel, teka, lungguh, garap, sampek jam setengah telu sore bokonge tepos wetenge mbesesek ngono isih arepe nerapake full day.” Yanto mangsuli “wis ta kok gantian sambat, urip iku pancen akeh pacobane, dilakoni wae kayata banyu mili, ya. Semangat kuduan!”.
            Pitutur saha pitutur dijlentrehake dening bocah mbaka bocah kanggo motivasi olehe sinau ben sregep lan semangat. Sabendinane pancen ngrasakake susahe nimba ilmu kuwi, saben bocah utawa saben pawongan kanti pepatah “tuntutlah ilmu sampai ke Negeri Cina”. Murti, Yanto lan kanca-kancane sabendina imbuh terus semangate kanggo sregep sinau. Sakkabehe janji, yen mbesuk bakalan sukses lan uga ora lali donga marang Gusti kang Maha Kuasa supaya tansah diparingi penak anggone nglakoni lika-likune panguripan.
            Golek ilmu kanti ikhlas ati lan kebak semangat kanggo sangu mbesuk gedhe lan wusanane panguripan ing donya kayata pepatah “berakit-rakit ke hulu berenang-renang kemudian, bersakit-sakit dahulu bersenang-senang kemudian”. Kuwi pepatah digawe motivasi yen saiki urip kuwi ora mung seneng-seneng, tapi saka ngisor sampek dhuwur kuwi kebak perjuangan kayata nuntut ilmu. [dening : Delina Kartika]


Kamis, 11 Agustus 2016

PREI SEKOLAH

            Wusanane preian sekolah wes teka, Erdy seneng banget. Sawise Ujian Akhir Semester dipungkasi kanti semangat. Preian sekolah kaping iki Erdy ngrencanakake dolan menyang omahe paklik e ing desa. Dheweke mesti ngrasakake bungah nalika ing kana, amarga wis lumayan waleh yen amung dolanan ing kutha sing akeh polusine yaiku kutha Surabaya. Erdy butuh swasana kang adem, ayem, tentrem lan ing kono dheweke bakalan ngentukake ketentreman atine. Saben wektu nalika ing desa kono Erdy mesti ngrasakake bungah, saben dina dheweke mesti dolanan karo dulure wadon sak umurane sing jenenge Rahma. Ing kana dheweke nglakoni dina-dinane kanti semangat, porsi mangane beda banget ora kaya biasane tinimbang dheweke nalika ing omahe kutha. Dina-dinane kebak dening eseman kuwi uga amarga dheweke dikancani dulur wadone sing jenenge Rahma.
            Diwiwiti saka jam lima isuk, dheweke tansah wis siap kanggo kagiatan, wiwit resik-resik lan kegiatan liyane. Ora gumun yen mangkono amarga Erdy wiwit cilik pancen wis diwarahi njaga karesikan dening wong tuwane. Sawise resik-resik omahe paklik e, dheweke langsung menyang jedhing kanggo ngresiki awake. Wektu isuk kuwi Erdy ngajak Rahma kanggo sepedhahan ngubengi komplek omah. Sabanjure sepedhahan lumayan adoh saka omahe paklik e, ora sengaja Erdy lan Rahma petukan karo kanca-kanca sekolahe Rahma sing uga sepedhahan, wusanane bocah-bocah kuwi mau sepedhahan bebarengan. Amarga Erdy durung apal tenan dalanane komplek lan uga dheweke wektu kuwi disambi omong-omongan, padha gemuyu kekel-kekel sing nggawe dheweke kurang konsentrasi nyetir lan wusanane Erdy tiba menyang panggonan kanggo ngguwak sampah. Rahma sakancane padha guyu kekel weruh Erdy tiba, nanging dheweke isih bisa ngatonake eseme sanadyan kudu nanggung isin.
            Sawise sepedhahan Erdy lan Rahma mulih kanggo sarapan bareng. Nalika teka omah, “nyapo le kok catu kabeh?” pitakone paklik e, “anu paklik anu...” wangsulane Erdy karo gagap amarga wedi. “Nyapo kok anu anu i, bubar tiba ya? Mau wis tak kandhani rak sing ati-ati panggah wae wiwit biyen mesti bedhigasan, wis ndang diresiki kono banjur diobati.” paklik e nyeneni Erdy nalika dheweke ndhepipis wedhi. “Nggih paklik sepuntene, kula mboten neka-neka malih.” Kandhane Erdy njaluk ngapura. Sawise catu-catune diobati bocah loro kuwi mau langsung menyang pawon kanggo sarapan. Lima las menit wis rampung, Rahma ngajak Erdy menyang Kawasan Wisata Sumber Oebalan salah sijine wisata pemandian ing Kabupaten Kediri. Dheweke budhal kanti seneng banget tanpa peduli karo catu-catune kuwi mau. Satekane ing wisata Erdy lan Rahma petukan Nina yaiku kanca apikane Rahma wiwit cilik, bocahe pancen apik, seneng nulung, ora sombong lan uga pinter. Ibuke Nina dodolan ing wilayah wisata kasebut dadi ora gumun yen Rahma asring petukan Nina ing kono. Sawise omong-omongan karo Nina, Erdy ngajak Rahma dulinan banyu alias renang. Durung mari olehe catu nanging Erdy panggah meksa Rahma kanggo njegur. Saking bungahe ing kono ora krasa wis telung jam bocah loro kuwi anggone renang, wusanane cah loro kuwi cepet-cepet mentas sadurunge masuk angin mengkone. Sabanjure kuwi Erdy lan Rahma menyang blumbang iwak kanggo mancing, bocah loro kuwi mancing suwine rong jam luwih. Dirasa wis oleh iwak sing cukup kanggo lawuh ing omah,  Erdy lan Rahma mulih. Saliyane kuwi panase srengenge yawis krasa ing dhuwur sirah.
            Satekane ing omah, iwak kasil mancing kuwi mau dipasrahake dening bulik e banjur digoreng, iwak sing digoreng kuwi mau gawe lawuh mangan awan sakulawarga. Sawise mangan awan, Erdy lan Rahma wusanane padha mapan turu ing kasure dhewe-dhewe. Bocah loro kuwi turu nglipus amarga kewareken lan sajake kekeselen anggone dolanan sedina.
            Lan dina-dinane Erdy liyane kebak dening kegiatan sing nyenengake. Ora krasa wis rong minggu dheweke ing desa, lan saiki wis wayahe balik menyang kuthane Surabaya kanggo nerusake aktivitas kaya biasane lan kewajibane sekolah. Pungkase preian Erdy sekolah kayata biasane lan uga Rahma. Sawise ngentukake pengalaman akeh ing desa dheweke langsung gawe karangan ing buku diaryne sing judule “Prei Sekolah”.






Kamis, 03 Maret 2016

MENGENAL TENTANG RENANG


Mengenal Tentang Renang

mengenal tentang renang
manfaat melakukan olahraga berenang selain jantung kita dapat terpacu, kombinasi gerakan tangan dan kaki dapat menguatkan otot-otot tangan dan kaki. Berenang juga dapat menjadikan pernapasan menjadi teratur dan tidak mudah lelah. olahraga ini juga sangat mempengaruhi terhadap peredaran darah. jadi berenang sangat berpengaruh dalam kesehatan bukan hanya dimanfaatkan untuk olahraga namun juga dapat untuk rekreasi. Selain itu, berenang dapat menumpuk keberanian dan perasaan mampu serta percaya diri sendiri, di samping itu dapat untuk membangkitkan suasana kegembiraan yang tidak dapat dijumpai di olahraga lainnya. Persentuhan dengan air merupakan pengalaman fisik yang dapat membangkitkan respon kejiwaan.
Olahraga renang juga melombakan kecepatan atlet renang dalam berenang sehingga atlet harus benar-benar menguasai setiap pergerakannya dan mampu mencapai waktu yang ditentukan agar mendapatkan hasil yang optimal. Perenang yang memenangkan lomba renang adalah perenang yang menyelesaikan jarak lintasan tercepat. renang juga merupakan olahraga yang sudah diresmikan oleh pemerintah dan sering diperlombakan dalam acara olahraga.
Manusia sudah dapat berenang sejak zaman prasejarah, bukti tertua mengenai berenang adalah lukisan-lukisan tentang perenang dari Zaman Batu telah ditemukan di “gua perenang” yang berdekatan dengan Wadi Sora di Gilf Kebir, Mesir barat daya. Catatan tertua mengenai berenang berasal dari 2000 SM. Beberapa di antara dokumen tertua yang menyebut tentang berenang adalah Epos Gilgamesh, Iliad, Odyssey, dan Alkitab (Kitab Yehezkiel 47:5, Kisah Para Rasul 27:42, Kitab Yesaya 25:11), serta Beowulf dan hikayat-hikayat lain. Pada 1538, Nikolaus Wynmann seorang profesor bahasa dari Jerman menulis buku mengenai renang yang pertama, Perenang atau Dialog mengenai Seni Berenang (Der Schwimmer oder ein Zwiegespräch über die Schwimmkunst).
Perlombaan renang di Eropa dimulai sekitar tahun 1800 setelah dibangunnya kolam-kolam renang. Sebagian besar peserta waktu itu berenang dengan gaya dada. Pada 1873, John Arthur Trudgen memperkenalkan gaya rangkak depan atau disebut gaya trudgen dalam perlombaan renang di dunia Barat. Trudgen menirunya dari teknik renang gaya bebas suku Indian di Amerika Selatan. Renang merupakan salah satu cabang olahraga dalam Olimpiade Athena 1896. Pada tahun 1900, gaya punggung dimasukkan sebagai nomor baru renang Olimpiade. Persatuan renang dunia, Federation Internationale de Natation (FINA) dibentuk pada 1908. Gaya kupu-kupu yang pada awalnya merupakan salah satu variasi gaya dada diterima sebagai suatu gaya tersendiri pada tahun 1952.
Biasanya olahraga renang ini sebelum kemerdekaan kita hanya dilakukan oleh bangsa kulit putih dengan teknik yang sudah maju sedangkan bangsa indonesia hanya dilakukan disungai atau danau tanpa teknik memadai namun perkembangan renang di jaman jepang menjajah kesempatan umum lebih besar. Pada tahun 1951 setelah terbentuk PBSI (Perserikatan Berenang Seluruh Indonesia) Sejak itu renang di Indonesia menjadi maju PBSI diterima menjadi anggota PORI (Perserikatan Olahraga Republik Indonesia) yang kemudian dirubah menjadi KOI (Komite Olympiade Indonesia). Tahun 1952 PBSI diterima menjadi anggota FINA dan IOC pada Olympiade Helsinki 1952 Indonesia telah mengirim seorang perenang. Tahun 1959 PBSI berubah menjadi PRSI (Perserikatan Renang Seluruh Indonesia) dan renang mengalami kemajuan sampai sekarang.
Demikian informasi yang dapat kami sampaikan mengenai sejarah renang, semoga menjadi ilmu yang bermanfaat bagi seluruh pembaca, anda juga bisa membaca posting lain di halaman ini