Rabu, 09 November 2016

Golek Imu
         
Kaya apa rasane sekolah ing SMAN 1 Pare sing jarene sekolah rujukan iku? Katone penak lan nyenengake amarga ing kono kalebu salah sjine sekolah favourite ing Pulo Jawa, bakal akeh sing duwe pepenginan nyalonake dadi murid ing SMAN 1 Pare.
            Diwiwiti budhal peteng amarga ana acara apa iku jenenge? Apa ta??? Ooo iya bimbel yaiku bimbang masalah keluarga.. Eeh.. maksudku bimbingan belajar. Tangi jam setengah lima rumangsaku kawanen, minim jam papat kudu wis tangi, yen wayah semana durung uga tangi berarti olehe garap tugasmu iku kesregepen, malih akibate turu kebablasen sampek tengah wengi, terus akibate malih telat bimbel. La kuwi perkarane, berarti bisa didudut yen ana bocah telat bimbel kuwi kasunyatane bocahe sregep garap tugas. Yo pora???hahaha...
            Budhal jam lima isuk kuwi yen ora kawanen tangi, yen kawanen teka biasane budhale jam setengah enem isuk bisa uga luwih. Sawijining wektu ing sekolah “La yok apa, Cak. Wetengku iki luwe, ket wingi durung mangan. Arep ngombe kopi sak gelas wae durung keturutan.” Yanto ngomong marang Murti, kanca ing kelase “Oalah ngesakne... dadi bocah kos kaya ngono ta rasane???hahaha...susah ya.” Yanto nyaut wangsulane Murti “Yok apa aku dhewe ket wingi durung mangan, lagi bokek ora nduwe dhuwit.” Murti mangsuli maneh “Haha... panggah penak urip ning omah, lek isuk ana sing masakne, dene ora ana ya bisa gawa sega adang koretan wingi sore apa ta panganan apa ngono, yowis ya tak mangan dhisik iki mau aku digawakne mamakku bento jangan blendrang sambel tumpang lawuh gerih goreng gosong spesial.” Yanto nyelani “ngono kuwi weruh kancane keluwen mbok ya ditawani po’o, masio lawuhmu ora genah kaya ngono sing penting bisa gawe mangan sambel tumpang sing wis kelet lan coklat ing wajan. Peh temenan susah banget rasane dadi bocah kos kuwi, mangan wae angel.” Murti nambahi “wis ora usah sambat. Masio kere nanging tetep bisa gegojekan. Masio luwe ayo bareng-bareng padha guyu! Haha..”. sabanjure mangan “Mrs. Rose kok durung rawuh-rawuh ya?, Eh... la dalah mengko PHP maneh, kadung budhal isuk jebule zonk!” kandhane Murti. Yanto mangsuli “yowis ayo literasi wae.” Ganti Murti “Ya, let’s go chinnn.” Sabanjure bocah loro kuwi literasi uga bocah-bocah liyane, sakkabehe ngenteni bel jam pelajaran kaping pisan sinambi leyeh-leyeh. Sawise bel jam pelajaran kaping pisan muni, salah siji guru mlebu ing kelas. “assalamualaikum wr.wb, buka buku PR halaman 120, silahkan lanjutkan latihan 2 nanti kalau sudah selesai segera dikumpulkan di meja saya.” Murti ngajak omong Yanto “apa iki sing jenenge Kurikulum 2013, guru maringi poin-poin e tok banjur sateruse kita dhewe sing njlentrehake, lek mangkono carane rak ya kesel, teka, lungguh, garap, sampek jam setengah telu sore bokonge tepos wetenge mbesesek ngono isih arepe nerapake full day.” Yanto mangsuli “wis ta kok gantian sambat, urip iku pancen akeh pacobane, dilakoni wae kayata banyu mili, ya. Semangat kuduan!”.
            Pitutur saha pitutur dijlentrehake dening bocah mbaka bocah kanggo motivasi olehe sinau ben sregep lan semangat. Sabendinane pancen ngrasakake susahe nimba ilmu kuwi, saben bocah utawa saben pawongan kanti pepatah “tuntutlah ilmu sampai ke Negeri Cina”. Murti, Yanto lan kanca-kancane sabendina imbuh terus semangate kanggo sregep sinau. Sakkabehe janji, yen mbesuk bakalan sukses lan uga ora lali donga marang Gusti kang Maha Kuasa supaya tansah diparingi penak anggone nglakoni lika-likune panguripan.
            Golek ilmu kanti ikhlas ati lan kebak semangat kanggo sangu mbesuk gedhe lan wusanane panguripan ing donya kayata pepatah “berakit-rakit ke hulu berenang-renang kemudian, bersakit-sakit dahulu bersenang-senang kemudian”. Kuwi pepatah digawe motivasi yen saiki urip kuwi ora mung seneng-seneng, tapi saka ngisor sampek dhuwur kuwi kebak perjuangan kayata nuntut ilmu. [dening : Delina Kartika]


Tidak ada komentar:

Posting Komentar